Thursday, December 13, 2012

BUDAYA


WAYANG




     Wayang dumadi saking tembung wod "yang/ hyang" angsal ater- ater wa-. Tegesipun roh ingkang dipepundhinamargi pinercaya roh saged damel beja cilakanipun manungsa. Wayang punika wewayangan utawi gegambaran watak lan jiwanipun manungsa. Wayang mujudaken pangejawantahan pribadi manungsa. Wayang punika pagelaran nganggo bonéka kang umumé katon éndah ing wewayangané lan dilakokaké déning dhalang kanthi iringan gamelan. Bonéka kasebut bisa kang wujud 2 dhimensi utawa wujude 3 dhimensi. Kang wujud 2 dhimensi umume, kagawé saka kulit (walulang), kang biyasané kulit sapi, utawi wedhus. Lan kang wujud 3 dhimensi, lumrah digawé saka kayu kang direnggani penganggo saka kain kang manéka warna adhedhasar karakter wayang kasebut. Nanging ing sawatara tlatah, uga ana kang gawé wayang saka suket, lan kerdhus, ananging wayang jinis ngéné iki ora patia akèh ditemoni. Manut ing kemajuane jaman, wus tinatah lan sinungging wayang kanthi ngginakaken media digital kanthi piranti empuk pangolah citra. Wayang kang tinatah lan sinungging kanthi media digital kasebat e-wayang.
       Ing pagelaran punika wayang ditancepké ing debog (wit gedhang) ing sisih tengen lan kiwané dhalang. Ing tengah, critané digelar. Sedina sewengi lakon diwedhar. Crita kang diakonaké dijupuk saka épos Mahabharata lan Ramayana kang uga sinebut Wayang Purwa. Uga ana kang nggelar lakon crita-crita 1001 wengi saka tanah Arab. Wayang kang kaya ngéné iki diarani Wayang Menak. Pagelaran iki misuwur ing tanah Jawa.

      Wayang iki ora mung sumebar ing Jawa waé, nanging uga ing tlatah liya ing Nuswantara. Pagelaran wayang wis diakoni déning UNESCO ing tanggal 7 November 2003, dadi karya kabudayan kang édi péni ing babagan crita dongéng lan warisan sing berharga banget (Masterpiece of Oral and Intangible Heritage of Humanity). Suwaliké, UNESCO nyuwun supaya Indonesia njaga (preserve) warisan kuwi

BUDAYA


KENDURI


      Kendhuri (uga asring kasebut kendhurèn lan kondangan) iku sejatiné upacara slametan utawa syukuran. Yèn ana wong Jawa kang nduwé khajatan, biasané ana kendhuri amarga sing diarep-arep wis kaleksanan lancar lan aman, utawa ndedonga amrih olèh kaslametan nalika arèp ngayahi sawijining lelaku sing wigati. Acara iki biasané dadi rangkéyaning acara kelairankhitanan utawa pernikahan. Kendhuri acara pernikahan saiki umumé uga diarani resèpsi.
Acara utama jroning upacara kendhuri yakuwi arupa ritual ndedonga marang Pangèran Kang Maha Kuwasa supaya diparingi kaslametan, karahayon tumrap sing kagungan kersa sumrambah marang kabèh para rawuh. Kanggo wong Islam ing acara iku biasané padha maca Surah Yasin.
Sing diundhang ing acara kendhuri umumé kerabat utawa sedulurtangga teparakanca lan wong liya sing dikenal, lan sing diundhang umumé bapak-bapak utawa wong lanang. Yèn ibu-ibu uga diundhang, biasané wektuné dipisah. Ing kutha gedhé, undhangan kendhuri umumé dicampur antarane bapak-bapak lan ibu-ibu.
Sing disuguhaké jroning acara kendhuri biasané arupa panganan tradhisional, ing antarané sega kuningjajan pasar lan liya-liyané. Jaman saiki suguhan kendhuri ditata ing sakdhuwuring méja sing amba. Yèn kendhuriné wis rampung, tamu-tamu sing rawuh umumé dibekeli bèsèk utawa berkatan sega kendhuri.

Saturday, December 1, 2012