Thursday, December 13, 2012

BUDAYA


WAYANG




     Wayang dumadi saking tembung wod "yang/ hyang" angsal ater- ater wa-. Tegesipun roh ingkang dipepundhinamargi pinercaya roh saged damel beja cilakanipun manungsa. Wayang punika wewayangan utawi gegambaran watak lan jiwanipun manungsa. Wayang mujudaken pangejawantahan pribadi manungsa. Wayang punika pagelaran nganggo bonéka kang umumé katon éndah ing wewayangané lan dilakokaké déning dhalang kanthi iringan gamelan. Bonéka kasebut bisa kang wujud 2 dhimensi utawa wujude 3 dhimensi. Kang wujud 2 dhimensi umume, kagawé saka kulit (walulang), kang biyasané kulit sapi, utawi wedhus. Lan kang wujud 3 dhimensi, lumrah digawé saka kayu kang direnggani penganggo saka kain kang manéka warna adhedhasar karakter wayang kasebut. Nanging ing sawatara tlatah, uga ana kang gawé wayang saka suket, lan kerdhus, ananging wayang jinis ngéné iki ora patia akèh ditemoni. Manut ing kemajuane jaman, wus tinatah lan sinungging wayang kanthi ngginakaken media digital kanthi piranti empuk pangolah citra. Wayang kang tinatah lan sinungging kanthi media digital kasebat e-wayang.
       Ing pagelaran punika wayang ditancepké ing debog (wit gedhang) ing sisih tengen lan kiwané dhalang. Ing tengah, critané digelar. Sedina sewengi lakon diwedhar. Crita kang diakonaké dijupuk saka épos Mahabharata lan Ramayana kang uga sinebut Wayang Purwa. Uga ana kang nggelar lakon crita-crita 1001 wengi saka tanah Arab. Wayang kang kaya ngéné iki diarani Wayang Menak. Pagelaran iki misuwur ing tanah Jawa.

      Wayang iki ora mung sumebar ing Jawa waé, nanging uga ing tlatah liya ing Nuswantara. Pagelaran wayang wis diakoni déning UNESCO ing tanggal 7 November 2003, dadi karya kabudayan kang édi péni ing babagan crita dongéng lan warisan sing berharga banget (Masterpiece of Oral and Intangible Heritage of Humanity). Suwaliké, UNESCO nyuwun supaya Indonesia njaga (preserve) warisan kuwi

BUDAYA


KENDURI


      Kendhuri (uga asring kasebut kendhurèn lan kondangan) iku sejatiné upacara slametan utawa syukuran. Yèn ana wong Jawa kang nduwé khajatan, biasané ana kendhuri amarga sing diarep-arep wis kaleksanan lancar lan aman, utawa ndedonga amrih olèh kaslametan nalika arèp ngayahi sawijining lelaku sing wigati. Acara iki biasané dadi rangkéyaning acara kelairankhitanan utawa pernikahan. Kendhuri acara pernikahan saiki umumé uga diarani resèpsi.
Acara utama jroning upacara kendhuri yakuwi arupa ritual ndedonga marang Pangèran Kang Maha Kuwasa supaya diparingi kaslametan, karahayon tumrap sing kagungan kersa sumrambah marang kabèh para rawuh. Kanggo wong Islam ing acara iku biasané padha maca Surah Yasin.
Sing diundhang ing acara kendhuri umumé kerabat utawa sedulurtangga teparakanca lan wong liya sing dikenal, lan sing diundhang umumé bapak-bapak utawa wong lanang. Yèn ibu-ibu uga diundhang, biasané wektuné dipisah. Ing kutha gedhé, undhangan kendhuri umumé dicampur antarane bapak-bapak lan ibu-ibu.
Sing disuguhaké jroning acara kendhuri biasané arupa panganan tradhisional, ing antarané sega kuningjajan pasar lan liya-liyané. Jaman saiki suguhan kendhuri ditata ing sakdhuwuring méja sing amba. Yèn kendhuriné wis rampung, tamu-tamu sing rawuh umumé dibekeli bèsèk utawa berkatan sega kendhuri.

Saturday, December 1, 2012

Thursday, November 15, 2012

GAMBAR

PENGAJIAN KELAS XI IPA 4


















WISATA



CANDHI PRAMBANAN


Candhi Prambanan iku kompleks candhi Hindu sing gedhé dhéwé ing Indonesia, ing pulo Jawa, kurang luwih 20 km wétan Yogyakarta, 40km kulon Surakarta lan 120 km kidul Semarang, persis ing watesing provinsi Jawa Tengah lan Dhaérah Istiméwa Yogyakarta. Candhi Prambanan manggon ing désa Prambanan sing tlatahé dibagi antarané yaiku kabupaten Sléman lan Klathèn.
Para ahli purbakala nduga candhi iki dibangun ing sawetaraning taun 850 Masehi dening Rakai Pikatan (raja seka wangsa Mataram I sing kaping loro) utawa Dyah Balitung. Nanging ora suwé sawusé candhi iki binangun, banjur ditinggalaké lan wiwit rusak.
Renovasi candhi iki diwiwiti ing taun 1918, lan nganti sepréné durung rampung. Gedhong utama lagi dirampungaké ing taun 1953. Akèh pérangan candhi sing direnovasi nganggo watu anyar amarga watu-watu sing asli wis dicolong utawa dienggo ing panggonan liya. Salah sawijining candhi mung bakal dipugar yen minimal 75% watu asliné isih ana. Mula saka kuwi, akèh candhi-candhi cilik sing ora dibangun manèh lan mung katon landhesan pondasiné waé.
Saiki candhi iki sawijining situs warisan dunya sing kareksa déning UNESCO wiwit taun 1991. Tegesé antara liya, komplèks iki kareksa lan nduwé status astamiwa. Contoné yèn ing mangsa perang, ora olèh dicedhaki wong-wong sing ayuda.
Candhi Prambanan iku candhi Hindhu sing gedhé dhéwé ing Asia Kidul-Wétan, dhuwuré gedhong utama iku 47 mèter.
Kompleks candhi iki tinata saka 8 candhi utama lan luwih saka 250|250 candhi cilik.
Telung candhi utama diarani Trisakti lan disajèkaké ing sang hyang Trimurti: Bathara Siwa sang Pangrusak, Bathara Wisnu sang Panggulawentah lan Bathara Brahma sang Pancipta.
Reca Durga uga diarani Rara Jonggrang utawa Lara Jongrang (rara langsing) karo pendunung sing papan kono.Candhi siwa ing tengah-tengah, isiné patang kamar, sakamar ing saben arah mata angin. Sawetara iku sing pratama amopt sawijiing recaBathara Siwa sing dhuwuré ana telung mèter, telu liyane isi reca-reca sing ukurané luwih cilik, yaiku reca Durga, sakti utawa garwa Bathara Siwa, Agastya, guruné, lan Ganésa, putrané.
Rong candhi liyané katur kagem Hyang Wisnu|Hyang Wisnu, sing madhep lor lan sijiné katur Hyang Brahma|Hyang Brahma, sing madhep kidul. Saliyané iku ana pirang-pirang candhi cilik liya sing diaturaké marang Sang Lembu Nandiniwahana Bathara Siwa, sang Angsa(banyak), wahana Bathara Brahma, lan sang Garudha, wahana Bathara Wisnu.
Terus relief ing saubenging rong puluh pinggiran candhi nggambaraké wiracarita Ramayana. Vèrsi sing digambaraké ing kéné béda karo vèrsiKakawin Ramayana Jawa Kuna, anging mèmper karo crita Ramayana sing diturunaké liwat tradhisi oral.
Saliyané iku komplèks candhi iki kakupeng luwih saka 250 candhi sing ukurané béda-béda lan diarani perwara
.

Monday, August 6, 2012

Lagu

ILIR ILIR

Lir-ilir, Lir-ilir, Tandure wus sumilir
Tak ijo royo-royo,
Tak sengguh temanten anyar
Cah angon – cah angon,
Penekno blimbing kuwi,
Lunyu-lunyu ya penekno,
Kanggo mbasuh dodotiro.
Dodotiro – dodotiro,
Kumitir bedah ing pinggir,
Dondomana jlumatana,
Kanggo seba mengko sore.
Mumpung padang rembulane,
Mumpung jembar kalangane,
Yo suraka, surak hiyo.

Friday, August 3, 2012

BUDAYA


BEKAKAK


Bekakak punika salah satunggiling upacara tradhisi ingkang katindakaken dening warga masyarakat wonten ing wewengkon desa Ambarketawang, kecamatan Gamping.
Upacara meniko katindakaken setunggal taun kaping sapisan wonten wulan sapar, pramila bekakak ugi saged dipun sebat saparan.
        Wontenipun Upacara Saparan utawi bekakak menika wonten gandhèng cènèngipun kaliyan sajarah wonten ing Kraton Ngayogjakarta Hadiningrat rikala Raja Hamengkubuwana I. Nalika semanten wonten désa ingkang dipunsebat Désa Ambarketawang. Miturut cariyos sajarah Désa Ambarketawang menika wonten gegayutanipun kaliyan jumenengipun Kadhaton Ngayogjakarta Hadiningrat. Kirang langkung warsa 1775 wonten ing salah satunggaling désa caket kaliyan Ardi Gamping, wonten pasanggrahan ingkang dipunbangun dening Pangéran Mangkubumi. Pangéran Mangkubumi inggih menika Sri Sultan Hamengkubuwana I. Ananging, Sri Sultan namung setunggal warsa ing Pasanggrahan Ambarketawang. Nalika sri Sultan nilar pasanggrahan, Kyai Wirasuta boten purun tumut Sri Sultan. Lajeng Kyai Wirasuta sarta kulawarga kèndel wonten ing guwa Ardi Gamping menika. Sawijining dinten Sukra Kasih wonten bebendu ingkang dipuntandang Kyai Wirasuta. Guwa ingkang dipunkèndeli Kyai Wirasuta ambruk. Kyai Wirasuta sarta kulawarga pejah sadaya. Sri Sultan lajeng paring dhawuh dhateng para abdi supados enggal madosi jenasahipun Kyai Wirasuta. Ananging boten angsal kasil menapa-menapa. Sri Sultan paring dhawuh malih dhateng para abdi supados ngawontenaken upacara kangge ngèmuti Kyai Wirasuta, abdi ingkang kinasih. Upacara menika dipunleksanakaken saben wulan Sapar kaping 10-20.

Sumber : Google